Presentasi Tembang Pucung

Tembang pucung merupakan salah satu tembang macapat yang isinya mengingatkan kita bahwa manusia akan bermuara pada kematian

  1. Arifia Wardhani
    Tembang pucung merupakan salah satu tembang macapat yang isinya mengingatkan kita bahwa manusia akan bermuara pada kematian
    Transcript Header:
    Presentasi Tembang Pucung
    Transcript Body:
    • 1. Pucung (Pocung) Dening : Arifia Kusuma Wardhani (09) Rizky Indra Saputra (30) Rafii Rizky Ramadhan (35)
    • 2. Yaiku tembang utawa geguritan tradisional ing tlatah Jawa. Saben sapadha (bait), macapat nduweni gatra, lan saben gatra nduweni guru wilangan tartamtu, lan nduweni guru lagu. Macapat uga ditemokake ing kebudayaan Bali, SasakMadura lan Sunda. Sakliyane iku macapat uga nate ditemokne ing Palembang lan Banjarmasin. Macapat uga kena diartikno maca papat-papat (membaca empat-empat). Teori liya nyebutke menawa macapat uga ditemokne ing pungkasan jaman Majapahit lan wis mulai diwenehake pengaruh saka Walisanga. Macapat
    • 3. Jinise Tembang • Dene, tembang utawa sekar lumrahe dipara dadi 3 jenis, yaiku : Sekar Alit utawa Macapat Sekar Ageng Sekar Tengahan utawa Madya
    • 4. Jinise Sekar Alit (Macapat) Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut- urutané tembang kaya kang ing ngisor iki: 1. Mijil 2. Kinanthi 3. Sinom 4. Asmarandana 5. Dhandhanggula 6. Gambuh 7. Maskumambang 8. Durma 9. Pangkur 10. Megatruh 11. Pucung
    • 5. Makna Jinise Tembang Macapat Sekar Alit • Maskumambang: Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné. • Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita. • Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé. • Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
    • 6. • Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi. • Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
    • 7. • Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula. • Durma: Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
    • 8. • Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha. • Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa. • Pocung: Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
    • 9. Sekar Madya utawa Tengahan • Macapat jenis iki kayadene tembung Kidung sing dienggo rikala jaman Majapahit. Jurungdemung Warangrok Balabak
    • 10. Sekar Ageng Sekar macapat ageng mung ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng saka angele, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin nalika ing jaman Jawa kuna.
    • 11. Pangerten Pucung • Pucung (ana kalane tinulis pocung) yaiku tembang macapat kang ngelingake marang pepati. Pucung cedhak karo tembung pocong. Kaya pralambang mori kanggo mbungkus layon, pucung dienggo tembang kang bisa ngelingake marang manungsa yen urip ing ndunya ana pungkasane.
    • 12. • Ananging pucung uga nduwe watak liya. Pucung iku jenengi wiji woh-wohan. Wanda ‘‘cung’’ uga marai gawe rasa seger kang ngelingake marang perkara kang lucu kayadene isih jaman dikuncung. • Tembang iki asring dienggo tembang- tembang kang uga lucu, kayata parikan utawa badhekan.
    • 13. Sasmita ne • Pucung • Kaluwak • Wanda • Cung
    • 14. Wewatakane Sakepenake lan kurang greget, lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur.
    • 15. Paugerane Tembang Pucung Jinise Tembang Guru Gatra Guru Wilangan lan Guru Lagu 1 2 3 4 Pucung 4 12u 6a 8i 12a
    • 16. Tuladhane Tembung Pucung Ngelmu iku kelakone kanthi laku --> u Lekase lawan kas --> a Tegese kas nyantosani --> I Setya budya pengekesing dur angkara --> a Bocah iku sopan santun iku prelu Bekti mring wong tuwa Dhawuhe guru den esthi Sinauo mrih katekan kang den sedya
    • 17. Tuladha Tembang Pucung
    View More